Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Widget Atas Posting

Sejarahipun Aksara Jawi


Rikala jaman semono, ing Pulau Majethi, wonten kasatria ingkang asmanipun Ajisaka. Ajisaka punika bagus lan sakti mandraguna. Ajisaka gadhah kalih punggawa inggih punika Dora lan Sembada. Dora lan Sembodo setia sanget lan nurut kalih Ajisaka. Wonten ing kathah seratan tentang Jawi, Dora punika dipunsebataken dados murid ingkang remen ngapusi lan Sembada punika murid ingkang setia tuhu lan jujur.
Sakbibaripun angsal petunjuk saking para dewata supados nglaksanakaken dharmayatra dhateng Jawa, Ajisaka bidhal sareng muridipun, Dora. Sakderengipun bidhal Ajisaka maringi mandate dhumateng Sembada kangge jnagi keris pusakanipun Ajisaka. Ajisaka paring dhawuh supados keris punika ampun dipunparingaken tiyang sanes sakliyane Ajisaka.
Ajisaka lan Dora dugi ing Medhangkamulan. Medhangkamulan punika dipunkuwaosi kalian raja ingkang gadhah watak raseksa ingkang kejam lan remen dhahar manungsa. Raja punika Dewatacengkar. Ajisaka saget ngalahaken Dewatacengkar. Saklajengipun Ajisaka dados Raja ing Medhangkamulan. Reh dene kesibukan Ajisaka dados raja, Ajisaka lajeng ngutus Dora supados mendhet keris pusakanipun wonten Sembada. Ananging Ajisaka kesupen dhawuhipun dhumateng Sembada supados keris punika boten dipunparingaken dhumateng tiyang sanes sakliyane Ajisaka.
Sembada boten purun nyerahaken keris pusakanipun. Dora kalian Sembada ingkang sami-sami angsal tugas saking Ajisaka punika perang ngantos sedo sedayananipun.
Saksampunipun sawatara dangu boten wonten kabar saking kalih muridipun Ajisaka ngutus Duga lan Prayoga supados nusul dhateng Majethi. Dhateng pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga ngertos Dora lan Sembada padha mati ketaman pusaka ingkang taksih tumancep ing dhadhane. Saksampunipun ngupakara layone Dora lan Sembada kanthi samesthine, Duga lan Prayoga banjur gegancangan marak ratu gustine ngaturaken pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada.
Midhanget ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene boten netepi janji mundhut pribadi pusaka ingkang direksa Dora lan Sembada. Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena cacah kalih dasa wiwit saking HA ngantos NGA.
ha na ca ra ka           :    Ana utusan
da ta sa wa la           :    Padha kekerengan)
pa dha ja ya nya       :    Padha digdayané
ma ga ba tha nga      :    Padha dadi bathangé


http://www.mediahindu.net/berita-dan-artikel/artikel-umum/115-otak-etik-jawa-dalam-cerita-aji-saka.html
http://ashiiqa.wordpress.com/2007/12/20/kisah-ajisaka-asal-mula-aksara-jawa/
http://jayabaya.wordpress.com/2006/05/28/sejarahe-aksara-jawa/

Deena Setyowati
Deena Setyowati Just wanna write what I want to write . . .

Post a Comment for "Sejarahipun Aksara Jawi"