Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Widget Atas Posting

Wisanggeni Lair


Batari Durga sakderengipun punika Batari Uma ingkang gadhah pasuryan raseksi, garwanipun Batara Guru ingkang saklajengipun dados garwanipun Batara Kala. Putra Batara Guru. Batari Durga kalian Batara Kala dados ratu ing Setragandamayit. Gadhah putra ingkang naminipun Dewasrani. Kagem Batara Kala, Dewasrani punika rayinipun Batara Kala, amargi rama kandungipun Dewasrani punika Batara Guru.
Sakpunika Batara Kala nembe bingung amargi Batari Durga cariyos menawi putranipun, ugi rayinipun, Dewasrani, ngersakaken Dewi Dersanala dados garwanipun. Ananging Dewi Dresanala sampun dados garwanipun Arjuna lan sampun ngandut sepuh.
Amargi kapeksa nuruti panyuwunan putranipun, lajeng Batari Durga kalian Dewasrani bidhal dhateng Kayangan Jonggringsaloka, sowan dhateng Batara Guru.
Batari Durga kalian Dewasrani nyuwun dhumateng Batara Guru supados Dewi Dresanala dipunpisahaken saking Arjuna kepripun caranipun. Batara Guru nyetujoni panyuwunane Batari Durga kalian Dewasrani amargi Dewasrani punika putra emasipun Batara Guru.
Batara Guru lajeng paring dhawuh dhumateng Batara Brahma supados misahaken putranipun inggih punika Dresanala saking Arjuna kalian nundhung minggat Arjuna saking Kaindran.
Amargi boten purun damel pepadon lajeng Arjuna kesah saking Kahyangan Jonggringsaloka lan tedhak dhateng Marcapada.
Batara Narada boten narima kalian Batara Guru ingkang kersa misahaken Arjuna kalian Dewi Dresanala. Sakpunika Batara Narada kuciwa sanget  kalian Batara Guru ingkang boten taren kalian Batara Narada.
Para Dewa kempal wonten Candradimuka. Bayi Arjuna ingkang nembe lair dipun idak-idak, dipuntendang kados bal. Lajeng kalian Batara Brahma, bayi punika dipendhet lan dilebetaken kawah Candradimuka. Saking tebih, Batara Narada ngejar Batara Brahma ingkang nembe kendhang bayi punika. Ananging Batara Narada punika sampun telat. Bayi putra Arjuna punika sampun mlebet kawah Candradimuka.
Batara Narada ndukani para putra dewa ingkang nyiksa bayi punika. Para dewa lajeng bibar. Batara Narada minggah gunung Candradimuka  kalian nedhaki kawahipun kagem mbiyantu bayi punika.

Lajeng saking kawah punika njedhul lare ingkang awujud latu. Lare punika lajeng nggebuki Batara Narada. Batara Narada saged nglerem lare punika lajeng ngangkat lare punika medal saking kawah. Batara Narada maringi name Wisanggeni. Wisanggeni tanglet dhumateng Batara Narada, sinten piyambakipun kalian sinten rama kalian ibunipun. Batara Narada cariyos menawi ramanipun inggih punika Arjuna satriya ing Madukara. Ibunipun punika Dewi Dresanala. Wisanggeni dipundhawuhi Batara Narada supados tanglet dhumateng para dewa wonten pundi rama kalian ibunipun, menawi para dewa boten mangertos, Wisanggeni didhawuhi ngajar utawi nggebuki para dewa punika.
Wisanggeni lajeng tanglet wonten pundi rama kalian ibunipun dhumateng para dewa. Ananging boten wonten satunggal dewa ingkang purun cariyos wonten pundi rama lan ibunipun Wisanggeni. Wisanggeni duka, para dewa dipun ajar sedanten, Batara Guru ugi kenging ajar Wisanggeni. Batara Narada rawuh lan nyuwun Wisanggeni kagem ngendekaken dukanipun dhumateng Batara Guru.
Batara Guru lajeng nyariosaken menawi Dresanala dipunasta Dewasrani dhateng Kayangan Setragandamayit kagem dipundadosaken garwanipun Dewasrani. Arjuna punika sampun dipun tundhung minggat saking Kaindran. Sedanten punika amargi panyuwunanipun Batari Durga ingkang mbiyantu panyuwunan Dewasrani kagem dadosaken Dresanala dados garwanipun Dewasrani.
Batara Guru ngraos luput. Batara Guru nyuwun dhateng Batara Narada kalian Wisanggeni kagem mendhet Dresanala ingkang sampun dipunasta Dewasrani dhateng Setragandamayit. Batara Narada ugi nyuwun pamit dhumateng Batara Guru kagem ngrencangi Wisanggeni dhateng Marcapada kagem madosi Arjuna, ramanipun Wisanggeni.
Para punakawan nggigah tapanipun Arjuna, sakpunika mangertos Batara Narada ngasta lare ingkang nembe madosi ramanipun.
Arjuna wungu saking tapanipun. Arjuna mular kalian ngraos remen menawi karawuhan Batara Narada badhe nyabut nyawanipun Arjuna amargi sampun boten tahan narima kasusahan ingkang langkung abot. Arjuna dipuntundhung minggat saking kayangan lan kedah pisah kaliyan garwa lan putranipun.
Batara Narada nyariosaken menawi sedanten kadadean punika amargi panyuwunan Batari Durga dhumateng Batara Guru supados misahaken Dresanala saking Arjuna ingkang lajeng Dresanala saged dipundadosaken dados garwanipun Dewasrani. Midhanget warta punika, Arjuna duka. Ananging Arjuna ngraos remen, amargi lare ingkang awujud latu punika putranipun Arjuna. Batara Narada lajeng nyuwun pamit kondur dhateng kayangan.
Arjuna, Wisanggeni kalian Semar bidhal dhateng kayangan Setragandamayit. Lajeng wonten Setragandamayit Arjuna perang kalian Dewasrani, Semar perang kalian Batari Durga. Ananging Arjuna kalian Semar boten saged nandhingi kakuwatanipun Dewasrani kalian Batari Durga. Lajeng Wisanggeni tumut tandang gawe. Wisanggeni damel mungsuhipun kobong. Dresanala lajeng dipunasta Arjuna dhateng Madukara kalian putranipun Wisanggeni.

Deena Setyowati
Deena Setyowati Just wanna write what I want to write . . .

Post a Comment for "Wisanggeni Lair"