GURU SAJATI
Jejering guru punika kanyatanipun awrat
sasanggenipun, guru punika minangka pangadeg ingkang santosa.
Sajatosipiun guru punika boten namung
waton digugu lan ditiru, ananging ingkang kedah dipun mangertosi saestu inggih
punika :
Gu Ru = Nggulawenthah lan Rumeksa
Tembung digugu lan ditiru punika pancen
wajibipun sok sintena guru digugu samukawis wewarah piwulanganipun, ditiru
dipun tulat samukawis tumindak pakartinipun dening sinten ingkang dipun wulang,
pramila sakderengipun guru mulang kedah samekta saestu punapa ingkang badhe
dipun wulangaken lan kedah nguwaosi ilmu ingkang badhe dipun wulangaken,
adhedhasar paugeran baku.
Salaminipun dados guru sageda hanjagi
solah pakartinipun ingkang tumuju hanggayuh dhateng kautamaning pakarti, mila kedah
cetha punapa ingkang niru inggih kanthi mantep, boten tidha-tidha.
Guru, Nggulawenthah lan Rumeksa dhateng
(Sarira, srawung, siswa).
Guru kedah saged nggulawenthah dhateng
sarira/ pribadinipun piyambak langkung rumiyin, supados kanthi mantep anggenipun
badhe makarya.
Nggulawenthah
Nggulawenthah dhateng sarira: Kasarasan
lahir lan batosipun; kapinteran, kawasisan, indhaking ilmu; kawibawan.
Nggulawenthah dhateng srawung :
Hambudidaya pasrawungan ingkang endah boten congkrah; samad sinamdan dhateng
sasami; saged dipun pitados, lan mitados, boten cubriyo.
Nggulawenthah dhateng siswa : Hambudidaya
siswa tansah caket nanging boten lengket; hambudidaya siswa wonten raos ering
sanes ajrih, nanging asih; hambudidaya siswa raos tentrem.
Rumeksa
Rumeksa sarira : saged ngreksa
pagedhonganing pribadi; saged ngreksa rapeting ilmu tinamtu; saged ngreksa
wibawaning dhiri.
Rumeksa srawung : saged ngreksa
pagedhonganing sasami guru/ srawung; saged ngreksa anteping kamanunggalan;
saged ngreksa kuwajiban ingkang dipun emban.
Rumeksa siswa : saged ngreksa
pagedhonganing siswa; saged ngreksa karingkihaning siswa; saged ngreksa
kaantepaning siswa.
Kangge hanggayuh prakawis punika, prayogi
sageda hanggadhahi jiwa budaya, Budaya inggih punika uwoh pangolahinh budi,
manunggaling pakarti lahir lan abtin ingkang nuwuhaken uwoh ingkang murakabi
dhateng sasamining gesang.
Kathah uwoh-uwohing budaya, ananing
ingkang baku tumraping panggesangan ing pasrawungan utaminipun guru, inggih
punika kalih prakawis: Budaya Tata Krama
lan Tata Susila
Tata Krama
Panagndikan, pacalathon, pangucap, ingkang
dipun tata amrih runtut trep kaliyan unggah-ungguhing basa. Prayogi
pangandikan, pangucap, ingkang cetha, prasaja, walaka. Boten damel
serik-runtikingsanes, boten mbalenjani, boten mejahi, ananging karya nak tyasing
sasami, pamrihipun dipun ajeni lan dipun ugemi. Ajining dhiri gumantung kedaling
lathi.
Pangrakiting basa kajumbuhaken kaliyan
tataran kalenggahanipun dhateng ingkang dipun ajak wawan pangandikan, kanthi
dhasar andhap asor.
Tata Susila
Tindak-tanduk, solah bawa, kalebet
panganggen. Saben-saben papan wewengkon hanggadhahi paugeran wewaton minangka
pangetraping kasusilan. Kados pundi matur dhateng ingkang langkung inggil
kalenggahanipun, kanthi solah bawanipun, radi tumungkul, ngapurancang, lan
boten malangkerik, rongeh lan sapanunggalanipun.
Panganggen kajumbuhaken kaliyan tata
susila, boten namung waton saged mangangge kemawon, sageda nelakaken bilih
saking panganggen saged dipun wastani tiyang nggadhahi tata susila, pamrihipun
inggih dipun ajeni mila Ajining raga gumantung endahing busana.
(K. P. Winarnokusumo)
------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Ingkang
saged kasebat dados guru sajati inggih punika:
“Guru
ingkang saged nggulawenthah kalian ngrumeksa dhateng sarira, srawung, lan siswa
sarta nggadhahi tata krama kalian tata susila”.
dyn
geh bu, meniko guru ingkang leres... guru ampun ngendikan mawon, guru wonten becike nulodhoni kaliyan tindan tanduk ingkah leres ^_^
ReplyDeletenggih pak,,,nuwun,,,
DeleteGuru itu digugu dan ditiru..
ReplyDeleteiya, tapi tak hanya sebatas digugu lan ditiru saja.. :D
Deletewah bahasa apa ini?
ReplyDeletebahasa Jawa mbak
Delete