Sujarah Panganggit Serat Wedhatama KGPAA Mangkunegara IV
Sri Paduka
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV (utawi dipun
cekak KGPAA Mangkunegara IV)
punika panganggitipun tembang Macapat punika ingkang kapethik saking Serat
Wedhatama. Lairipun ing dinten Ahad Legi,
tanggal kaping 3, wanci jam 11 dalu, wulan Sapar ing taun Jimakir, angka 1728,
windu Sancaya utawa Masehi tanggal 3 wulan Maret 1811 wonten dalem Hadiwijayan.
Nalika dereng
dhewasa asmanipun Raden Mas Sudira. Panjenenganipun punika putra Kanjeng Pangeran
Harya Hadiwijaya I ingkang kaping 7 utawi putra
jaler ingkang kaping 3. Déné ingkang ibu inggih punika Raden Ajeng Sekeli putri
K.G.P.A.A. Mangkunagara II. Dados menawi katingal saking garis
pancer putri, R.M. Sudira punika wayahipun KGPAA Mangkunagara
II. KPH Hadiwijaya I punika putra Raden Mas Tumenggung Kusumadiningrat ingkang dados mantunipun Sri
Susuhunan Pakubuwono III. Dados Sri Susuhunan Pakubuwono III punika embah
buyutipun RM Sudira.
KPA Hadiwijaya Kartasura ingkang
kondang kalian sebat Pangeran seda ing lepen abu ingkang gugur nalika
tanding kalian Kompeni Walandi punika ugi embah buyutipun RM Sudira.
RM Sudiro
punika angsal pamulangan saking eyangipun
Mangkunegara II. Lajeng sasampunipun yuswa 10 taun dipun pasrahaken
dhumateng Sarengat alias Pangeran Rio, ingkang benjang dados benjang dados
Mangkunegara III. Pangeran Rio punika dipunparingi jejibahan kagem muruki RM
Sudiro nyerat, maos, seni kalian budaya sarta ilmu kawruh sanesipun. Wiwit
taksih timur R.M. Sudira sampun katingal kapinteran saha kaprigelanipun.
Rikala dumugi yuswa 15 taun mlebet dados kadèt ing Légiun
Mangkunagaran. Wekdal semanten ingkang Jumeneng ing Pura Mangkunagaran
Surakarta inggih punika Mangkunagara
III, ingkang kaleres nak-derekipun R.M. Sudira, jalaran sami sami wayahipun Mangkunagara
II.
Sareng kaangkat dados Pangeran salin asma dados K.P.H.
Gandakusuma, krama kaliyan R. Ay. Semi kagungan putra 14 lajeng séda.
Kramanipun kalian putra saking KPA
Surya Mataram punika nalika yuswa 22 taun. Kramanipun wonten ing dinten Setu
Pahing, tanggal kaping 20, wulan Rejeb, taun Dal, angka 1759 kanthi asma R.M.Ar
Gondokusumo.
Wonten dinten Ahad Pon tanggal
kaping 8, wulan Rejeb, taun Jumakir, 1778, Windu Hadi utawi taun Masehi 17 Mei
1850 dipunwisuda kanthi asma K.P.Ar Gondokusumo.
Mboten antawis lami Mangkunagara III
seda ing taun 1839, lan kagentosan dening K.P.H. Gandakusuma ingkang jumeneng
dados Mangkunagara IV. Antawis sataun jumeneng keprabon lajeng daup kaliyan R.
Ay. Dunuk putri dalem Mangkunagara III.
K.P.Ar. Gondokusumo gentosi
Mangkunegara III kanthi asma K.G.P.A.Ar.Prabu Prangwadono dinten Jumat Wage,
tanggal kaping 14, wulan Jumadilakir, taun Jimawal, angka 1781 utawi tanggal 24
Maret 1853 wonten ing yuswa 43 taun. Menawi pikantuk gelar utawi jejuluk
Mangkunegara IV ing dinten Rebo Kliwon, tanggal 27, wulan Sura, taun Jimakir,
angka 1786, windu Kuntara ingkang adhedasar Surat
Keputusan (SK) tanggal 16 Agustus 1857 wonten ing yuswa 47 taun.
Reh dene Mangkunegara IV sampun
gadhahi kapinteran lan kaprigelan saking sakderengipun dados Mangkunegara IV,
sasampunipun dados Mangkunegara IV, lajeng mendet inisiatif wonten nggen politik, pamarintahan, ekonomi, sosial, seni
budaya lan sanesipun. Sahingga Mangkunegara IV gadhah otonomi menggah urusan teng lebet kadosta Kesunanan Surakarta lan
Kesultanan Yogyakarta.
Mangkunegara IV gadhah hak kagem
mranat pamarintahanipun kiyampak, mranat kawula nanggel katentreman lan
kamakmuran kawulanipun minangka pamurba ing wewengkonipun.
Wonten ing mangsa pamarintahanipun
Mangkunegara IV gadhah indak-indakan wonten ing sedanten nggen sahingga
Mangkunegaran IV punika negarawan ingkang
cekap kondang lan kinurmatan dhumateng kawulanipun. Agengipun Mangkunegara IV
minangka dados sastrawan lan kabudayan Jawi, saged dipunpirsani wonten ing
seratan-seratanipun antawisipun Tripama, Manukarsa, Nayakawara, Yogatama,
Pramnita, Pralambang lara Kenya, Langen Swara lan sanesipun.
Saking kasil-kasil karya sastra
punika, Mangkunegara IV dipun anggep dados sastrawan wonten ing mangsa
jumenengipun malih kasusastran Jawi enggal wonten ing mangsa Surakarta.
Mangkunegara IV seda wonten dinten Jumat Pahing, tanggal kaping 8, wulan
Sawal, Wulan Jumakir, Windu Hadi, utawi tanggal 2 September 1881, wonten ing
yuswa 72 taun kanthi sengkalan : Muksa Nunggal Hestining Janma lan
dipunsarekaken wonten ing Astana Girilayu. Reh dene wonten ing mangsa
gesangipun Mangkunegara IV dipun mangertosi sampun dumugi kasampurnan ingkang
saestu inggih punika badan kalian ruhipun sampun dados setunggal kalian Dzat
Allah.
Sadangunipun ngantos keprabon
panjenenganipun Mangkunagara IV yasa pabrik gendhis ing
Calamadu lan Tasikmadu, mrakarsani ngadegipun stasiun
Balapan saha rèl sepur Sala – Semarang, lan
sasanèsipun. Panjenenganipun nyerat buku ngantos kirang langkung 42,
antawisipun Serat Wedhatama.
Sakpunika wonten 9 kitab seratan Mangkunegara 9, inggih punika:
1.
Kitab Wedhatama
Ingkang
suraosipun pamulangan babagan gesang lan angger-angger ingkang baku kang Hyang
Widi, ugi suraos dasar kalian pratanda sarta artosipun nagari. Sedasa pupuh wahyu sepindhah babagan mimpin
nagari. Lajeng 99 pupuh ngarsa dalem (babagan Gusti Allah Kang Maha Kuwaos).
2.
Kitab Sasongko
Mulya
Suraosipun
wedar suci piwulang ingkang sejatos, 99 pupuh damel raos suci
3.
Kitap Pitutur
Sepuh / Babad Jawi
Suraosipun
dasar lan hukum nagari sarta suraosipun sujarah saking kerajaan ingkang rumiyin
utawi sarasilahipun kerajaan.
4.
Kitab Jejangka
Surya
Suraosipun
jangka cipta suci utawi ginambaran kedadosan wekdal rumiyin lan wekdal
mbenjang. 99 pupuh jangka ngarcapada.
5.
Kitab Kertatama
Suraosipun
tingkatan wonten ing alam gaib. 99 pupuh tirtamaya utawi babagan asal lan badhe
wonten pundi gesang ipun piyantun gesang punika.
6.
Kitab Kaca
Surya Tama
Suraosipun
sejatosipun piyambak tumrap ing kodrat lan ginaris ingkang suci, 99 pupuh
kidung guna, 99 pupuh patrap suci.
7.
Kitab Werta
Pralaya
Suraosipun alam
sasampunipun seda, 99 pupuh wejang layu.
8.
Kitab Condro
Suci
Suraosipun
dasaripun piwulangan ingkang suci, 9 pupuh wejang agung
9.
Kitab Puputan
Suraosipun piwulang suci dumugi nirwana, 10
pupuh wedar agung suci ingkang sejatos.
Post a Comment for "Sujarah Panganggit Serat Wedhatama KGPAA Mangkunegara IV "
Yuk tinggalkan jejak dengan berkomentar