Thursday, 2 May 2013

GURU SAJATI



Jejering guru punika kanyatanipun awrat sasanggenipun, guru punika minangka pangadeg ingkang santosa.
Sajatosipiun guru punika boten namung waton digugu lan ditiru, ananging ingkang kedah dipun mangertosi saestu inggih punika :
Gu Ru = Nggulawenthah lan Rumeksa
Tembung digugu lan ditiru punika pancen wajibipun sok sintena guru digugu samukawis wewarah piwulanganipun, ditiru dipun tulat samukawis tumindak pakartinipun dening sinten ingkang dipun wulang, pramila sakderengipun guru mulang kedah samekta saestu punapa ingkang badhe dipun wulangaken lan kedah nguwaosi ilmu ingkang badhe dipun wulangaken, adhedhasar paugeran baku.
Salaminipun dados guru sageda hanjagi solah pakartinipun ingkang tumuju hanggayuh dhateng kautamaning pakarti, mila kedah cetha punapa ingkang niru inggih kanthi mantep, boten tidha-tidha.
Guru, Nggulawenthah lan Rumeksa dhateng (Sarira, srawung, siswa).
Guru kedah saged nggulawenthah dhateng sarira/ pribadinipun piyambak langkung rumiyin, supados kanthi mantep anggenipun badhe makarya.


Nggulawenthah
Nggulawenthah dhateng sarira: Kasarasan lahir lan batosipun; kapinteran, kawasisan, indhaking ilmu; kawibawan.
Nggulawenthah dhateng srawung : Hambudidaya pasrawungan ingkang endah boten congkrah; samad sinamdan dhateng sasami; saged dipun pitados, lan mitados, boten cubriyo.
Nggulawenthah dhateng siswa : Hambudidaya siswa tansah caket nanging boten lengket; hambudidaya siswa wonten raos ering sanes ajrih, nanging asih; hambudidaya siswa raos tentrem.

Rumeksa
Rumeksa sarira : saged ngreksa pagedhonganing pribadi; saged ngreksa rapeting ilmu tinamtu; saged ngreksa wibawaning dhiri.
Rumeksa srawung : saged ngreksa pagedhonganing sasami guru/ srawung; saged ngreksa anteping kamanunggalan; saged ngreksa kuwajiban ingkang dipun emban.
Rumeksa siswa : saged ngreksa pagedhonganing siswa; saged ngreksa karingkihaning siswa; saged ngreksa kaantepaning siswa.
Kangge hanggayuh prakawis punika, prayogi sageda hanggadhahi jiwa budaya, Budaya inggih punika uwoh pangolahinh budi, manunggaling pakarti lahir lan abtin ingkang nuwuhaken uwoh ingkang murakabi dhateng sasamining gesang.
Kathah uwoh-uwohing budaya, ananing ingkang baku tumraping panggesangan ing pasrawungan utaminipun guru, inggih punika kalih prakawis: Budaya Tata Krama lan Tata Susila

Tata Krama
Panagndikan, pacalathon, pangucap, ingkang dipun tata amrih runtut trep kaliyan unggah-ungguhing basa. Prayogi pangandikan, pangucap, ingkang cetha, prasaja, walaka. Boten damel serik-runtikingsanes, boten mbalenjani, boten mejahi, ananging karya nak tyasing sasami, pamrihipun dipun ajeni lan dipun ugemi. Ajining dhiri gumantung kedaling lathi.
Pangrakiting basa kajumbuhaken kaliyan tataran kalenggahanipun dhateng ingkang dipun ajak wawan pangandikan, kanthi dhasar andhap asor.

Tata Susila
Tindak-tanduk, solah bawa, kalebet panganggen. Saben-saben papan wewengkon hanggadhahi paugeran wewaton minangka pangetraping kasusilan. Kados pundi matur dhateng ingkang langkung inggil kalenggahanipun, kanthi solah bawanipun, radi tumungkul, ngapurancang, lan boten malangkerik, rongeh lan sapanunggalanipun.
Panganggen kajumbuhaken kaliyan tata susila, boten namung waton saged mangangge kemawon, sageda nelakaken bilih saking panganggen saged dipun wastani tiyang nggadhahi tata susila, pamrihipun inggih dipun ajeni mila Ajining raga gumantung endahing busana.

(K. P. Winarnokusumo)
------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Ingkang saged kasebat dados guru sajati inggih punika:
“Guru ingkang saged nggulawenthah kalian ngrumeksa dhateng sarira, srawung, lan siswa sarta nggadhahi tata krama kalian tata susila”.
dyn

6 comments:

  1. geh bu, meniko guru ingkang leres... guru ampun ngendikan mawon, guru wonten becike nulodhoni kaliyan tindan tanduk ingkah leres ^_^

    ReplyDelete
  2. Replies
    1. iya, tapi tak hanya sebatas digugu lan ditiru saja.. :D

      Delete

Yuk, tinggalkan jejak dengan berkomentar...